Senin, 25 November 2013

Contoh Dialog Sastra Pewayangan


Babat Wanamarta

1.      Bratasena mbabad alas, nyuwun pangestu kaliyan sakabehe.
2.      Bratasena di arep dipunkroyok kewan, nanging boten siyos amargi kewan-kewan pada mlayu wedi.
3.      Bratasena kepanggih kaliyan jim ingkang manggon ing alas.
4.      Bratasena tarung karo Jim.
5.      Bratasena ngalahake Jim lajeng di wenehi pusaka.

Wonten ing alas Wanamarta satriya penegak Pandhawa ngadeg. Bratasena ngendika piyambak lajeng nyuwun pangestu kaliyan bapa Pandhu, kakek Wiyasa, kakang mbarepe Bratasena Puntadewa, lan adhi-adhine Nakula lan Sadhewa. Muga-muga kalis ing rubeda nggonku mbabati wanamarta.
Pathet nem jugag
rem rem sorot tekang yang arka kaeksi o...
pucaking aldaka murub o...
yen jan maha kadi sung sasmita dasih
ing saliring laku o...
lampahing dumadi o... , gilir gumanti o...
dhuka sukaning griya,
yekti gegadhangan o...
pangesahing diri
titahing gusti o...
kangsarwa dumadi o...
Antawecana
kemkeng kemkeng kumembeng waspa dresmijil
putra kang sutresna
haiwa tinilar wakmami
mara age hanuraga

Raden Bratasena :    Waaaa apa iki kang sinebut wanamarta, heeem semene jembare alas iki nadyan jembar lan peteng sisan aku ora bakal mundur nedyan mbabat marang alas iki. Haaa ibu Kunthi lan bapa Pandhu aku nyuwun pangestu, Wiyasa kakekku aku nyuwun pangestu rewang-rewangana Bratasena bakal mbabati Wanamarta. Mbarep kakangku ing dina iki Bratasena paringana pangestu, Premadi lan kembar tak jaluk pamujimu muga-muga kalis ing rubeda nggonku mbabati Wanamarta.
                                    (karo nyembah)
Nalika semana sampun katinggal mbabat wanamarta, sampun kathah wit-witan ingkang sampun sempal, gumuk-gumuk kang mendhungkul dipun tendhang dening Bratasena, kewan-kewan arep padha ngroyok. Nanging padha mlayu wedi amargi alas kalawau sampun rata.

kumyung ramya swaraning kang samya kumpul,
sajuru-juru atata tancaruk
denira maprenah o...
sanghyane pra wedya bala
sawega gegamaning laga
Kewan-kewan :         yooo pada mlayu, aku wedi ana ing kene
                                    mlayu mlayu.... mlayu sing adoh
Bratasena sampun kondhang menika satriya ingkang teguh. Nalika semana Wanamarta awujud alas gung liwang-liwang nanging ana wujud kang benten wujudipun menika negari gumelar ingkang dipunsebat nagari Amarta. Panguasanipun menika Prabu jim Yudhistira, gadhah abdi jenengipun jim Dhamdharat.
Ada ada greget saut pathet nem
Kadang muwarahen den becik
Becik hamendhema baris
Baris kang prayitna o...

Jim Dhamdharat :     Ih lha dhalah wis ndak etung ana pitung dina nggonku nganglang tapel watesing negara Ngamarta, kadadak lakuku kepapag karo jalma manungsa kang gawe rusak wewangunan negaraku, he manungsa sapa jenengmu lan apa sedyamu sira wani gawe rusak negaraku.
                                    ( Jim Dhamdharat kaget nalika ana manungsa ing daerah kakuwasaane)
Raden Bratasena :    Heeeeem ana swara tanpa rupa sapa iki.
                                    (nggolekki wujude)
Jim Dhamdharat :     Wah mangsa mangertiya lawan aku. Hayo enggal ngakua sapa jenengmu mumpung sira durung dadi klalaring tanganku.
                                    (Jim Dhamdharat nantang Bratasena)
Raden Bratasena :    Hayo luwih dhisik sira ngakua sapa jenegmu kowe bangsa jim apa manungsa kaya aku.
                                    (Bratasena takon karo nantang)
Jim Dhamdharat :     Wah lumuh kasor basane parat, ya yenta jeneng sira katon marang aku, aku iki bangsane jim kawulane ratu gustiku prabu Jim Yudhistira, aranku jim Dhamdharat.
(Jim Dhamdharat njelaske)
heh, sapa jenengmu?
(balik takon)
Raden Bratasena :    Haaaaa yen ta kowe takon marang aku Bratasena, dene bumi Wanamarta iki wis dadi wewenangku nedya ndak babat. Ayo kowe sumingkira aja ngganggu gawe nggonku mbabati alas iki.
                                    (Bratasena kekeh)
Jim Dhamdharat :     Wah enak temen, sing manggon kene dhisik aku. Aja gawe rusak kratonku tumuli sumingkira.
Raden Bratasena :    Sak iki ora gelem mbesuk ya ora bakal mundur nggonku babat alas.
(Jim Dhamdharat tarung karo Raden Bratasena)
Jim Dhamdharat ngundang wadyabala setanan lan jim kinen ngroyok dhateng Raden Bratasena nanging ugi kasoran. Saking tengen medal jim Suparta.

Jim Dhamdharat kepanggih kaliyan Jim Suparta lajeng wadul menawi wonten manungsa ingkang saweg mbabat alas Wanamarta, gawe rusak negara Ngamarta. Nadyan Jim Dhamdharat ingkang abdi sampun menggak kanthi sedaya kakiyatan nangging dereng saged ngalahaken Bratasena. Jim Suparto lajeng nemoni Bratasena.
Jim suparta :              Dhamdharat apa iki manungsa kang kekasih Bratasena, ingkang nedya gawe rusak negara Ngamarta.
                                    (Jim suparta takon marang Jim Dhamdhrat)
Jim Dhamdhrat :       Nuwun inggih punika ingkang kumawantun ngrisak wewangunan negari Ngamarta.
                                    (karo nyembah marang Jim Suparta)
Jim Suparta :             Yen kaya mangkono coba ndak purbane.

Jim Dhamdharat:      Nuwun inggih sumangga gusti.
                                    (karo nyembah marang Jim Suparta)
Pathet sanga jugag
dhasare mangsa ketiga
purnaming gegana
riris harda salah mangsa
adat sagung among tani
jumangkah samya ngayati o...
yasa bebedengan kinarya
ndeder wiji minangka,
tumibaning mangsa kasanga

Tembang netral
lengleng driya mangu-mangukung,
mangungkung kandruhan rimah
lelana tanpa kanin o...
Jim Suparta :             Heh jalma manungsa, apa sedyane dene jeneng para wani ngrusak wewangunan negaraku hem !
                                    (takon karo nada ora terima)
Raden Bratasena :    Waaaa iki ana jim maneh, waaaa sapa jenengmu ?
                                    (kaget lan nakoni Jim Suparta)
Jim Suparta :             Ingsun jim Suparta, Bratasena enggal tuturan apa sedyanira.
                                    (ngenalke awake dhewe)
Raden Bratasena :    Waaaa jim Suparta ndak kandhakake mau ing ngarep, bumi Wanamarta iki wis dadi wewenangku.
                                    (njawabi tanpa wedi)
Jim Suparta :             Kepenak temen wuwusmu Bratasena sira wani ndhaku bumi Wewanamarta wiwit aku sakadangku lima cacahe kang nduweni negara Ngamarta iki, sumurupa Bratasena lamun sinawang kanthi keplasing pramana sayekti wujud kraton gumelar.
                                    (ora terima)
Raden Bratasena :    Waaaa yen kaya mangkono bakal ndak jaluk.
                                    (nantangi)
Jim Suparta :             Whoooo lha ora bakal ndak ulungake. Malah sira enggal baliya  Bratasena goleka papan liya, aja mbok tutuge sedyamu.
                                    (ngusir Bratasena)
Raden Bratasena :    Waaaaaa enak temen wuwusmu.
                                    (ora terima)
Jim Suparta :             Sepisan maneh Bratasena wurungna sedyamu mumpung durung ndak legandhang.
                                    (nadane nesu)
Raden Bratasena :    Heeeeem aku ora bakal mundur sejangkah, ayo sak gendhingmu ndak ladeni.
                                    (ora obah pendiriyane)
Jim Suparta :             Whe lha dhalah wis ora kena rinembuk sarana becik manungsa iki, klakon calawetha.
Raden Bratasena :    Ayo enggal majua, aja kakehan sumbar.
                                    (nantang gelut)
Jim Suparta :             Nyata sekti mandra guna sira Bratasena nanging dudu wateke Jim Suparta kalah tandhing lawan sira, saiki yen ta sira kuwat nampani pusakaku kyai Wuluh Gadhing ndak guroni Bratasena.
                                    (arep menehi pusaka)

lingsir ratri tumapak ing wana,
bangbang wetan sumaput ngakasa,
lintang rina wus kawuryan,
humiring sangsasa dara o...

Jim Suparta :             Ayo saiki semba ta Bratasena, mangsa madala pusaka Wulung Gadhing, gandheng sira wus ketancep pusakaku sira tumuli bakal palastra Bratasena marga getihmu bakal mijil tanpa kendhat. Wis tumuli entenana tekaning patimu, Bratasena.
Perang tanding Jim Suparta karo Bratasena, Jim Suparta nemoni patine merga Bratasena laka wedine. Banjur alas Wanamarta mau dinggoni para Pandhawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar