Babat Wanamarta
1.
Bratasena
mbabad alas, nyuwun pangestu kaliyan sakabehe.
2.
Bratasena
di arep dipunkroyok kewan, nanging boten siyos amargi kewan-kewan pada mlayu
wedi.
3.
Bratasena
kepanggih kaliyan jim ingkang manggon ing alas.
4.
Bratasena
tarung karo Jim.
5.
Bratasena
ngalahake Jim lajeng di wenehi pusaka.
Wonten ing alas Wanamarta satriya
penegak Pandhawa ngadeg. Bratasena ngendika piyambak lajeng nyuwun pangestu
kaliyan bapa Pandhu, kakek Wiyasa, kakang mbarepe Bratasena Puntadewa, lan
adhi-adhine Nakula lan Sadhewa. Muga-muga kalis ing rubeda nggonku mbabati
wanamarta.
Pathet nem jugag
rem rem sorot tekang yang arka
kaeksi o...
pucaking aldaka murub o...
yen jan maha kadi sung sasmita dasih
ing saliring laku o...
lampahing dumadi o... , gilir
gumanti o...
dhuka sukaning griya,
yekti gegadhangan o...
pangesahing diri
titahing gusti o...
kangsarwa dumadi o...
Antawecana
kemkeng kemkeng kumembeng waspa
dresmijil
putra kang sutresna
haiwa tinilar wakmami
mara age hanuraga
Raden Bratasena : Waaaa apa iki kang sinebut wanamarta, heeem semene jembare alas iki
nadyan jembar lan peteng sisan aku ora bakal mundur nedyan mbabat marang alas
iki. Haaa ibu Kunthi lan bapa Pandhu aku nyuwun pangestu, Wiyasa kakekku aku
nyuwun pangestu rewang-rewangana Bratasena bakal mbabati Wanamarta. Mbarep
kakangku ing dina iki Bratasena paringana pangestu, Premadi lan kembar tak
jaluk pamujimu muga-muga kalis ing rubeda nggonku mbabati Wanamarta.
(karo nyembah)
Nalika semana sampun katinggal
mbabat wanamarta, sampun kathah wit-witan ingkang sampun sempal, gumuk-gumuk
kang mendhungkul dipun tendhang dening Bratasena, kewan-kewan arep padha ngroyok.
Nanging padha mlayu wedi amargi alas kalawau sampun rata.
kumyung ramya swaraning kang samya
kumpul,
sajuru-juru atata tancaruk
denira maprenah o...
sanghyane pra wedya bala
sawega gegamaning laga
Kewan-kewan : yooo pada
mlayu, aku wedi ana ing kene
mlayu
mlayu.... mlayu sing adoh
Bratasena sampun kondhang menika
satriya ingkang teguh. Nalika semana Wanamarta awujud alas gung liwang-liwang
nanging ana wujud kang benten wujudipun menika negari gumelar ingkang
dipunsebat nagari Amarta. Panguasanipun menika Prabu jim Yudhistira, gadhah
abdi jenengipun jim Dhamdharat.
Ada ada greget saut pathet nem
Kadang muwarahen den becik
Becik hamendhema baris
Baris kang prayitna o...
Jim Dhamdharat : Ih lha dhalah wis ndak etung ana pitung dina nggonku nganglang
tapel watesing negara Ngamarta, kadadak lakuku kepapag karo jalma manungsa kang
gawe rusak wewangunan negaraku, he manungsa sapa jenengmu lan apa sedyamu sira
wani gawe rusak negaraku.
( Jim Dhamdharat kaget nalika ana manungsa ing daerah kakuwasaane)
Raden Bratasena : Heeeeem
ana swara tanpa rupa sapa iki.
(nggolekki
wujude)
Jim Dhamdharat : Wah mangsa mangertiya lawan aku. Hayo enggal ngakua sapa jenengmu
mumpung sira durung dadi klalaring tanganku.
(Jim
Dhamdharat nantang Bratasena)
Raden Bratasena : Hayo luwih dhisik sira ngakua sapa jenegmu kowe bangsa jim apa
manungsa kaya aku.
(Bratasena takon karo nantang)
Jim Dhamdharat : Wah lumuh kasor basane parat, ya yenta jeneng sira katon marang
aku, aku iki bangsane jim kawulane ratu gustiku prabu Jim Yudhistira, aranku
jim Dhamdharat.
(Jim
Dhamdharat njelaske)
heh,
sapa jenengmu?
(balik
takon)
Raden Bratasena : Haaaaa yen ta kowe takon marang aku Bratasena, dene bumi Wanamarta
iki wis dadi wewenangku nedya ndak babat. Ayo kowe sumingkira aja ngganggu gawe
nggonku mbabati alas iki.
(Bratasena kekeh)
Jim Dhamdharat : Wah enak temen, sing manggon kene dhisik aku. Aja gawe rusak
kratonku tumuli sumingkira.
Raden Bratasena : Sak
iki ora gelem mbesuk ya ora bakal mundur nggonku babat alas.
(Jim
Dhamdharat tarung karo Raden Bratasena)
Jim Dhamdharat ngundang wadyabala
setanan lan jim kinen ngroyok dhateng Raden Bratasena nanging ugi kasoran.
Saking tengen medal jim Suparta.
Jim Dhamdharat kepanggih kaliyan Jim
Suparta lajeng wadul menawi wonten manungsa ingkang saweg mbabat alas Wanamarta,
gawe rusak negara Ngamarta. Nadyan Jim Dhamdharat ingkang abdi sampun menggak
kanthi sedaya kakiyatan nangging dereng saged ngalahaken Bratasena. Jim Suparto
lajeng nemoni Bratasena.
Jim suparta : Dhamdharat apa iki manungsa kang kekasih Bratasena, ingkang nedya
gawe rusak negara Ngamarta.
(Jim suparta
takon marang Jim Dhamdhrat)
Jim Dhamdhrat : Nuwun inggih punika ingkang kumawantun ngrisak wewangunan negari
Ngamarta.
(karo
nyembah marang Jim Suparta)
Jim Suparta : Yen kaya
mangkono coba ndak purbane.
Jim Dhamdharat: Nuwun
inggih sumangga gusti.
(karo
nyembah marang Jim Suparta)
Pathet sanga jugag
dhasare mangsa ketiga
purnaming gegana
riris harda salah mangsa
adat sagung among tani
jumangkah samya ngayati o...
yasa bebedengan kinarya
ndeder wiji minangka,
tumibaning mangsa kasanga
Tembang netral
lengleng driya mangu-mangukung,
mangungkung kandruhan rimah
lelana tanpa kanin o...
Jim Suparta : Heh jalma manungsa, apa sedyane dene jeneng para wani ngrusak
wewangunan negaraku hem !
(takon karo
nada ora terima)
Raden Bratasena : Waaaa
iki ana jim maneh, waaaa sapa jenengmu ?
(kaget
lan nakoni Jim Suparta)
Jim Suparta : Ingsun jim
Suparta, Bratasena enggal tuturan apa sedyanira.
(ngenalke
awake dhewe)
Raden Bratasena : Waaaa jim Suparta ndak kandhakake mau ing ngarep, bumi Wanamarta
iki wis dadi wewenangku.
(njawabi
tanpa wedi)
Jim Suparta : Kepenak temen wuwusmu Bratasena sira wani ndhaku bumi Wewanamarta
wiwit aku sakadangku lima cacahe kang nduweni negara Ngamarta iki, sumurupa
Bratasena lamun sinawang kanthi keplasing pramana sayekti wujud kraton gumelar.
(ora terima)
Raden Bratasena : Waaaa
yen kaya mangkono bakal ndak jaluk.
(nantangi)
Jim Suparta : Whoooo lha ora bakal ndak ulungake. Malah sira enggal baliya Bratasena goleka papan liya, aja mbok tutuge
sedyamu.
(ngusir
Bratasena)
Raden Bratasena : Waaaaaa
enak temen wuwusmu.
(ora
terima)
Jim Suparta : Sepisan maneh Bratasena wurungna sedyamu mumpung durung ndak
legandhang.
(nadane
nesu)
Raden Bratasena : Heeeeem aku ora bakal mundur sejangkah, ayo sak gendhingmu ndak
ladeni.
(ora
obah pendiriyane)
Jim Suparta : Whe lha dhalah wis ora kena rinembuk sarana becik manungsa iki,
klakon calawetha.
Raden Bratasena : Ayo
enggal majua, aja kakehan sumbar.
(nantang
gelut)
Jim Suparta : Nyata sekti mandra guna sira Bratasena nanging dudu wateke Jim
Suparta kalah tandhing lawan sira, saiki yen ta sira kuwat nampani pusakaku
kyai Wuluh Gadhing ndak guroni Bratasena.
(arep menehi
pusaka)
lingsir ratri tumapak ing wana,
bangbang wetan sumaput ngakasa,
lintang rina wus kawuryan,
humiring sangsasa dara o...
Jim Suparta : Ayo saiki semba ta Bratasena, mangsa madala pusaka Wulung Gadhing,
gandheng sira wus ketancep pusakaku sira tumuli bakal palastra Bratasena marga
getihmu bakal mijil tanpa kendhat. Wis tumuli entenana tekaning patimu,
Bratasena.
Perang tanding Jim Suparta karo
Bratasena, Jim Suparta nemoni patine merga Bratasena laka wedine. Banjur alas
Wanamarta mau dinggoni para Pandhawa.