Rabu, 11 Juni 2014

ASMARADAHANA

 Ing kahyangan Indrabawana, Indraloka, Kaendran sawijining dina Bathara Indra nganakake pakumpulan kang denestreni dening Bathara Sambo, Bathara Brahma, rayi Bathata Bayu ngembug kahanan kang dumadi yaiku anggone Bathara Guru kang semedi, banjur mundhut garwa Dewi Parwati saka kahyangan Girimaya putrine Sang Hyang Giri. Bathara Brahma anggone sira dadi awu nanging wis waluya jati merga katetesan toya amerta dening Bathara Guru.
Durung nganti mbacut anggone wawan sabda kasaru rawuhe ingkang uwa Suduk Pangudal-udal.
Kang paring dhawuh lan ingkang nampa dhawuh padha budhal menyang papan dununge Dewi Parwati. Bathara Indra sigra nyamektakake gajah Herawana, gya den titihi. Herawana dudu gajah sembarang gajah, nanging gajah kadewatan kang gedhe dhuwur tur lantip pangrahitane kaya patrape janma manungsa. Katon gagah mbregagah Bathara Indra kang wus dumunung ana gigiring gajah. Galeyah-galeyah tumuju mring kahyangan Tinjomaya Jonggringsalaka.
Ana kahyangan tinjomaya jonggringsalaka, Dewi Umarakti lagi nggarbini sepuh lenggah piyambakan. Bathara Indra kang nitih dwipangga herawana. Ana ngarsane Dewi Parwati si gajah tansah gegidro, solahe nggegirisi, suwarane pating semempret,lakune gedruge-gedrug gawe horeg.Sumurup kahanan kang datan ngerti sangkaning bilahi iku, Dewi Umarakti nganti kaget. Banget anggone kinaweden, temah bingung banjur lumayu nyaketi Bathara Guru.
Geter peter ing akasa nekseni laire Bathara Gana . Kang minangka pambasmine ambeg dur angkara murka. Katungka praptane Bathara Narada,Bathara Sambo, Bathara Brama lan Bathara Bayu.
Sawuse karilan, daya-daya Bathara Gana kairit para dewa budhal methukake mungsuh. Kang ana pasanggrahan Senapura ing erenging Jamurdipa, Prabu Kala Nila Rudraka lagi serembug kalawan wadya bala lan patih Senarudraka.
Perang dumadi rame, tan pantara suwe Prabu Kala Nilarudraka sirna. Uga Patih Senarudraka sirna saka tangane Bathara Gana. Sirnane klilip kahyangan. Bathara Guru lan para dewa padha suka parisuka.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar