ASMARADAHANA
Ing kahyangan
Indrabawana, Indraloka, Kaendran sawijining dina Bathara Indra nganakake
pakumpulan kang denestreni dening Bathara Sambo, Bathara Brahma, rayi Bathata
Bayu ngembug kahanan kang dumadi yaiku anggone Bathara Guru kang semedi, banjur
mundhut garwa Dewi Parwati saka kahyangan Girimaya putrine Sang Hyang Giri.
Bathara Brahma anggone sira dadi awu nanging wis waluya jati merga katetesan
toya amerta dening Bathara Guru.
Durung nganti mbacut anggone wawan sabda kasaru rawuhe
ingkang uwa Suduk Pangudal-udal.
Kang paring dhawuh lan ingkang nampa dhawuh padha budhal
menyang papan dununge Dewi Parwati. Bathara Indra sigra nyamektakake gajah
Herawana, gya den titihi. Herawana dudu gajah sembarang gajah, nanging gajah
kadewatan kang gedhe dhuwur tur lantip pangrahitane kaya patrape janma
manungsa. Katon gagah mbregagah Bathara Indra kang wus dumunung ana gigiring
gajah. Galeyah-galeyah tumuju mring kahyangan Tinjomaya Jonggringsalaka.
Ana kahyangan tinjomaya jonggringsalaka, Dewi Umarakti lagi
nggarbini sepuh lenggah piyambakan. Bathara Indra kang nitih dwipangga
herawana. Ana ngarsane Dewi Parwati si gajah tansah gegidro, solahe nggegirisi,
suwarane pating semempret,lakune gedruge-gedrug gawe horeg.Sumurup kahanan kang
datan ngerti sangkaning bilahi iku, Dewi Umarakti nganti kaget. Banget anggone
kinaweden, temah bingung banjur lumayu nyaketi Bathara Guru.
Geter peter ing akasa nekseni laire Bathara Gana . Kang
minangka pambasmine ambeg dur angkara murka. Katungka praptane Bathara
Narada,Bathara Sambo, Bathara Brama lan Bathara Bayu.
Sawuse karilan, daya-daya Bathara Gana kairit para dewa
budhal methukake mungsuh. Kang ana pasanggrahan Senapura ing erenging
Jamurdipa, Prabu Kala Nila Rudraka lagi serembug kalawan wadya bala lan patih
Senarudraka.
Perang dumadi rame, tan pantara suwe Prabu Kala Nilarudraka
sirna. Uga Patih Senarudraka sirna saka tangane Bathara Gana. Sirnane klilip
kahyangan. Bathara Guru lan para dewa padha suka parisuka.